BLOG SOBAT...Siapa lagi mari gabung....

Kamis, 09 April 2009

Pemilu Damai


Gregeting pesta demokrasi wes terasa
Ono ing jagad Indonesia raya
Kabeh podho nyambut neng tps-tps
Kanggo nyontreng calon seng dadi andalane

Namung sejatine akeh masyarakat seng ragu
Marang pesta demokrasi seng di gelar ing tahun iki
Margo akeh seng dadi calon anggota DPR
Dadi bingung anggone nentoake pilihane


tanda

Siji lan sijine mlebu ono ing bilik suara
Dibuka kartu suarane walah-walah jebule kok gedhe banget
Ameh sak gedhe majalah korang harian
Seng endi ya ?

Neng TV ono petunjukke
Pojok kanan atas, pojok kanan bawah, pojok kiwo tengen
Wah nomer iki, nomor iku, nomor ngisor, nomor nduwur ...
Kabeh ngomong nomor siji, lan seng paling apek

Kanggo simbah-simbah ngertine mung coblos
Margo sosialisasine kurang
Opo maneh nyontreng , nyoblos wae jarene kangelan anggone nentokke
Wah ...nggawekke gawean maneh marang poro panitia

Tapi yah ikulah ono ing sejroning pesta
Mesti wae ono sing kurang lan luwih
Dadi gumantung ono ing sajroning ati
Pilihane kudu ora keno mleset

Sing aneh meneh, neng paran liyan wis disediakno tempat rehabilitasi
Kanggo poro caleg seng ora kapilih
Mesti perlu di tambakke penyakit atine
Supoyo ora kelanjutan dadi edan

Wah seru lah pokokke
Pesenne para pemimpin marang wargane
Kabeh kudu teko ono ing bilik suara
Melu nentokke suara sing perlu dinggo makili dewekke

Akeh seng arep-arep ono ing pesta saiki
Ndadeake pelajaran sing mbangetake prilaku
Ora mung ngandalake janji-janji
Namung sejatine kanggo poles supaya dipilih

Dadi yah maklum wae anggone milih kadang ora tenanan
Coba-coba, yah jamane coba-coba
Opo maneh seng ora teko lan oran nggunaake suara
Mesti wae ono ing salah sijining TPS

Pemilu damai - pemilu damai moga kawujud ono ing tahun iki


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Tolong kasih komentar ya ?

toko buku on line


Masukkan Code ini K1-DB33C3-A
untuk berbelanja di KutuKutuBuku.com
Powered By Blogger

Banner