BLOG SOBAT...Siapa lagi mari gabung....

Kamis, 09 April 2009

Sejatining Diri


Sak-iki ndonya podho kroso lara
Emboh saka paran ngendi, tibo-tibo panas lan nyengat ning awak
Jan..ora di songko-songko, kabeh podho mblalak-blalak anggone lumaku paran
Aku ugo ngrasakke, anggonku nglakoni panguripan
Tanpo kroso wis lumaku sakjeroning tahun kapeng telulas
Iku ngono nandaake panguripanku wis kudhu di koreksi siji lan sijine
Ning kabeh samono gumantung sajroning ati sing paling jero...
Insya Allah gusti kang Mahawelas-asih tansah maringi piwulang marang keluargaku
Nemoni sajeroning urip kang tansah saling ngerteni..
Gurune ono ning crita sabendinane
Duh Gusti..mugi-mugi anggonku nglakoni urip tansah bungah
Ing kabeh panguji kang tansah lumaku marang keluargaku
Ra kroso nek mlakune ra di tata
Ingat marang Gusti Allah dadi tombo kang paling sempurna..


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Tolong kasih komentar ya ?

toko buku on line


Masukkan Code ini K1-DB33C3-A
untuk berbelanja di KutuKutuBuku.com
Powered By Blogger

Banner